Humor

Nyolong jerok

Paimin karo Paijo bengi2 peteng ndhedet nyolong jeruk neng kebon, lagi oleh setengah karung, ono asu njegog langsung ae wong loro iku mlayu banter wedi selak konangan.
Tekan ngarepe Gerbang Kuburan angker, jeruke tibo ngglundung loro tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ndhelik neng mburine kijing timbangane konangan.
Kendel tenan maling loro iki....
Kiro2 wis aman, Paijo karo Paimin wiwit bagi hasil..
"aku siji....kowe siji....aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji...."
Ngono terus nganti ono wong liwat, yoiku Si Soleh. Si Soleh kaget, mandeg mrinding krungu suoro aneh seko njero kuburan angker......
"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji......."
Saking wedine Soleh mlayu marani daleme Pak Kyai cedhak kono lan karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh copot crito memedi suoro neng kuburan wingit mau.
Pak Kyai penasaran, ngajak Soleh ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu. Soleh gemeter gocekan sarunge Pak Kyai seko mburi...
Seko jero kuburan tetep krungu suoro :
"Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."
Soleh : " Pak Kyai nopo niku suoro malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng Gusti sing kuwaos nggih Pak Kyai ??? Soleh takon bisik-bisik gemeter keweden....
"Mbuh aku dewe ora paham" jawabe Pak Kyai karo megeng ambegan...
Ora suwe ono suoro maneh seko njero kuburan..
"Iki wis rampung kabeh, saiki kari loro seng neng ngarepe Gerbang Kuburan kae arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??"
Pak Kyai lan Soleh:
"WAAAAAAAALAHHHHHHH…. Ciloko tenaannn.....!!!!!! "
Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai lan Soleh semburat mlumpat kalen mlayu keponthal-ponthal nganti sandale keri ... lan sarunge mlorot ....... gondhal gandhul


Guyonan Jowo

Mbah Sastro nulis layang kanggo anake, Bejo, sing lagi ditahan mergo dikiro teroris, isi layange:
"Jo, bapak wis tuwo tur ringkih, isih ngono sedih mikirne awakmu.. Saiki wis mongso tandur telo, le. Kowe opo isih suwe ditahan? Njur iki sopo sing arep ngrewangi bapak macul?"
Kacek seminggu Bejo mbales layange bapak'e, anggone ngirim layang dititipake sipir penjara,
"Pak, aku njaluk tulung tenan yo, kebun'e ojo dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedhil karo granat ning kebon kono kuwi, Pak. Tenan ya pak, aja dipaculi disik.."
Ora ngerti, layang soko Bejo mau disensor dhisik karo petugas penjara.
Seminggu bar kuwi mbah Sastro kirim layang maneh:
"Jo, sak bar-e aku nompo layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebun-e bapak.. Jarene nggoleki bedhil karo granat sing mbok pendhem. Nyatane ora ono.. Trus aku kudu piye iki, Jo?".
Bejo genti bales kirim layang maneh:
"Pak, saiki langsung ditanduri telo ae Pak.. Kan wis dipaculke karo bapak-bapak Densus. ojo lali ngaturke matur nuwun marang bapak-bapak Densus ya Pak, mugo-mugo entuk piwales soko Gusti Allah.."


Copyright 2016-2024 by Rebate Cash Back